Celoteh Ekonomi, Manajemen, Dan Teknologi

Sedulur Kepaten Obor

Pas aku nang Jakarta wulan wingi, aku nyempatke dolan nang mBekasi. Aku kelingan nek nduwe sedulur sing wes suwe kepaten obor. Bola-bali aku nang Jakarta, rung sempat nggoleki alamate. Maklum, nek aku nang Jakarta paling-paling mung nang kantor Tebet, arang-arang iso lunga nglencer kota-kota. Lha keperluane yo mung mandhang gawe kok!.

Sedulurku kuwi anake mbarep mbokdhe-ku sing manggon nang Semarang. Tahun 1986, -pas aku isih SMA-, sedulurku kuwi pecah rumahtanggane. Mungkin mergo patah-hati utawa putus-asa, dheweke njur lunga-minggat nang  pinggiran ibukota. Tahun 90an, aku sempat mampir nang panggonane nang mBekasi. Dheweke dodol asongan nang kreta, turu nang mushola. Duh, aku trenyuh banget.

Sauntara tahun babar blas ora nate kepethuk. Aku mung krungu kabar nek dheweke wes mbina rumahtangga maneh, entuk randha sing anake akeh.

foto nang stasiun mbekasi ambek sedulur kepaten obor.

Pas wulan wingi, aku nyelakke nggoleki alamate sakcedhake stasiun mBekasi. Alhamdulillah aku iso ketemu. Najan umure saiki wes meh suwidak tahun, sedulurku iseh bregas, waras, lan katon bungah-bahagia. Dodolane wes mapan,  malah wes duwe omah dewe sing cukup lumayan. Ngono kuwi, sedulurku kadhang-kadhang isih ngasong nang kreta.

Sedulur kepaten obor kuwi jenenge Mas Safuwan, undang-undangane Mas Wan, anak mbarep mbokdhe-ku sing manggon nang Semarang…

Ngapurane, aku nulis nganggo basa Jawa, ning ra manut tata basa sing mbener, ya ngene iki basa sing tak nggo saben ndina.

Comments are closed.